MANEMBAH


MANEMBAH
dening: Putra Panengah

tan ana gurit rinakit
apa maneh kidung kang sinandung
sepi...
nyenyet...
anyep...
njejet...
tumetesing waspa pinangka pralampita
kaduwung mring carita
kang kababar dening dina kang kalakon
banjur...
sujudo marang Gusti
kang tansah tinarbuka kabeh apura
taubat mring ALLAH
Rabb Kang Maha Kawasa
kanthi manembah kang sakwetah

Komentar